Diberdayakan oleh Blogger.

doa wong edan kanggo wong keren


Jare wong-wong tuwo, tambah tuwo ojo mung mikir dunyo
Jare bapak ibu, tambah tuwo kudu tambah mbeneh, ojo gawe wong tuwo soro
Jare sing mbaurekso, tambah tuwo yo akeh-akeh topo
Jare konco-konco, tambah tuwo ojo lali karo asalmu teko
Simbah ngendiko, ra iso nyangoni opo-opo
Bapak ibu mung iso menehi dungo
Sing mbaurekso omong, ojo lali madep ngulon yen butuh opo-opo
Moro’o kapan ae tak ewangi yen iso, jare konco-konco
Dibengoki Maling goro-goro tau nyolong sepeda karo suvenir manten
Diundang Gondrong polahe lanang tapi macak rambut dowo
Diceluk Kunti jare medeni koto demit-demit nang tipi
Dijenggongi Edan, utekke penceng ra karu-karuan
Mbuh sing endi padananmu sing jelas kon koncoku
Jareku masio tho tambah tuwo ojo lali karo impianmu
Ra tak sangoni tapi pasti tak kancani
Keren, jelas iku sing pantes nggo awakmu
Jare simbah awakmu tambah tuwo, iku ngono mung mongso
Jare bapak ibu tambah umurmu, ongko ra ono artine opo-opo
Jare sing mbaurekso akeh-akeh topo, topo tok yen ra diamalno yo nggo opo
Jare konco-konco ojo lali asalmu, iku ngono yen joyo yen rekoso ojo-ojo podo mlayu
Tambah tuwo iku wes pesti tapi tambah pinter iku sing kudu dipikirno ket saiki
Ora ngerti kapan mati tapi yo ora usah wedi
Ndang obah lan rubah dunyomu saiki
Amargo sesuk-sesuk ora ono sing iso njanjeni
Dungoku iki kanggo koncoku
Sing jare asu masio asline ayu
Sing rumongso konco, ayo diamini
Sing ora seneng, meneng ae ojo disedakno
“Duh Gusti paringono konco kulo wong keren sing lagi ulang taun niki urip ingkang barokah. Paringono utek ingkang tansah landep ing pikir, manah ingkang tansah welas maring sesama. Waras batin lan rogo supados saget terus jejek lan saget mbuktikno yen mboten sio-sio disilihi nyowo. AMIN!”

Posting Komentar