Diberdayakan oleh Blogger.

Sabet Manuke


Ono bule numpak andhong nang Jogja barengan karo wong Jowo sing dadi guide. 


Pas nang ndalan, ndilalah jarane mogok, ndeprok. 



Guide sing pengalaman numpak andhong mbengok ngabani kusire : 



"Pak, sabet manuke...sabet manuke..!"

Kusire trus nyabet manuke jaran, jarane langung ngadeg lan mlayu maneh.

Liyo dino si bule numpak maneh mung iki bedo andhonge, dhewekan ora nggo guide. 

Ndilalah nang tengah ndalan jarane mogok lan ndeprok maneh.

Si bule keminter, sok tahu, bengok2 ngabari kusire : 

"Pak, sabet manuke sabet manuke...!" 

Kusire mung meneng wae. 

Si Bule tambah bengok2: "Sabet manuke..sabet manuke..!"

Kusir-e dokar nesu : 

"Sabet manuke..sabet manuke..sabet manukmu dhewe kuwi... Jaranku iki jaran wedhok, dhoo.....londo goblok !!!!! "

Posting Komentar