Diberdayakan oleh Blogger.

Operasi Zebra Versi Jowo

Iki Polisi kabeh sak Indonesia mulai "Operasi Zebra 2013" 
Bareng-bareng suwene 14 dino.

Nek saiki gek akeh operasi, ojo heran, ojo njuk muni,
"Polisine wis do ra nduwe duit njuk akeh operasi..." 
Tapi memang saiki polisi sak Indonesia gek ono program Operasi Zebra.

Neng oprasi iki Polisi luwih mentingke kegiatan Pre Emtive, Preventive seng didukung penegakan hukum kanggo pelanggaran lalu lintas seng marai nyebabke tabrakan, kejahatan kendaraan lan ngglangsar...

Sampekke neng sedulur, tonggo, guru, konco, pacarmu, kimcilmu, selingkuhanmu, mbahmu, pakdemu, mbokdemu lan kabeh handai taulanmu...
supoyo nglengkapi dokumen kendaraane (SIM karo STNK),
BPKB-ne rasah digowo ndak ilang, lebokke pegadaian wae malah oleh duwit.

Kelengkapan kendaraan yo dinggo (HELM-e sik standar, ojo ming nganggo cumplung utowo sigaran bal, oponeh panci masak mbokmu...
spion loro kiwo tengen ojo deleh kiwo kabeh,
plat nomere seng biasa wae ra sah dibentuk-bentuk sing aneh-aneh, opo meneh ditulisi jenenge mbahmu ndak malah ketok wong alay.

Sing nyopir mobil ojo lali nganggo sabuk pengaman ojo mung nggo pajangan, nek mobile ra ono sabuk pengamane yo nganggo debok garing utowo tali rafia.

Sing numpak motor roda 2 supoyo tetep nguripke lampu (awan karo bengi),
sing lampune pedot ndang ditukokne, wong tuku Blackberry, Android we kuat kok tuku lampu mangewu wae aras-arasen.

Wis yo.... Mbok laksanakke yo...
alhamdulillah, ora mbok laksanake nek ono opo-opo yo urusanmu wong aku dudu wong tuamu.. Yo to..? 

Posting Komentar